Asalammuaikum wr.wb
Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, Ingkang tansah kaantu antu pitutur luhuripun. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.
Puji syukur "Alhamdulillahirobilalamin" mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken kulo lan panjenengan sami sahengga ing kalenggahan menika saged makempal wonten mriki papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa.Shalawat saha salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng junjungan kito Nabi Agung, Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu antu safaatipun mangke wanten ing yaumul kiamah. allahuma amin.
Nyuwun agunging pangaksami, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan sedaya, inggih awrat mundi dawuh timbalanipun Bpk/Ibu ...... kula piniji minangka sulih sarira kinen nglarapaken putra temanten sekalian, mugi katur panjenenganipun Bapa/Ibu …… ingkang winantu sagunging pakurmatan. Tan kantun kulo sarombongan ngaturaken gunging panuwun dene sowan kulo sapangombyong sampun katampi kanthi agunging pakurmatan.
Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu …… boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun temanten sekalian, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/Ibu …… Ingkang lumantar kawula. Ingkang menika kulo aturaken "Asalammualaikum wr.wb". Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Jangkep kaping kalih, rehning putra temanten sekalian pun Bagus …. Kaliyan Nimas ayu ........ sampun kalampahan ijab kobul kala wingi dinten ...... suryo kaping ..... wulan .... 2021 mapan ing dalem ......................., kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Pramila ri kalenggahan punika temanten sarimbit kula pasrahaken dumateng Bapa/Ibu……… sekalian. Borong hanggenipun gulowenthah mrih lestari widodo hanggenipun jejodohan, satemah saget hambangun balewismo kanthi Sakinah mawadah warohmah, tansah atut runtut, mugi pinaringan putro ingkang dadhos tetangsul langgeng tutug,trah tumerah lantaran turun hanggenipun sami bebesanan.
Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten sekalian, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak – ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Ing wusana, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.