Senin, 26 Juli 2021

Pasrah Penganten Sarimbit (ngunduh mantu)

 Asalammuaikum wr.wb

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, Ingkang tansah kaantu antu pitutur luhuripun.  Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. 

Puji syukur "Alhamdulillahirobilalamin" mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun  ingkang sampun kaparingaken kulo lan panjenengan sami sahengga ing kalenggahan menika saged makempal wonten mriki papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. 
Shalawat saha salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng junjungan kito  Nabi Agung, Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu antu safaatipun mangke wanten ing yaumul kiamah. allahuma amin.

Nyuwun agunging pangaksami, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan sedaya, inggih awrat mundi dawuh timbalanipun Bpk/Ibu ......  kula piniji minangka sulih sarira kinen nglarapaken putra temanten sekalian, mugi katur panjenenganipun Bapa/Ibu …… ingkang winantu sagunging pakurmatan. Tan kantun kulo sarombongan ngaturaken gunging panuwun dene sowan kulo sapangombyong sampun katampi kanthi agunging pakurmatan.

Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu …… boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun temanten sekalian, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/Ibu …… Ingkang lumantar kawula. Ingkang menika kulo aturaken "Asalammualaikum wr.wb". Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Jangkep kaping kalih, rehning putra temanten sekalian pun Bagus …. Kaliyan Nimas ayu ........ sampun kalampahan ijab kobul kala wingi dinten ...... suryo kaping ..... wulan .... 2021 mapan ing dalem ......................., kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Pramila ri kalenggahan punika temanten sarimbit kula pasrahaken dumateng Bapa/Ibu……… sekalian. Borong hanggenipun gulowenthah mrih lestari widodo hanggenipun jejodohan, satemah saget hambangun balewismo kanthi Sakinah mawadah warohmah, tansah atut runtut, mugi pinaringan putro ingkang dadhos tetangsul langgeng tutug,trah tumerah lantaran turun hanggenipun sami bebesanan.

Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten sekalian, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak – ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Ing wusana, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Minggu, 20 Juni 2021

Urutan MC Manten Versi Mbah Bedjo29

 Pambuka

Seh tentrem rahayu mugio kajiwo kasariro dumateng kula lan panjenengan sedaya, mligi ingkang hamengku gati bopo ...... gotrah kala wongso, tinarbuka jroning raos sesarengan memuji mreng dzat kang murweng Allah SWT, dzat kang moho welas, moho asih ingkang sampun paring barokah lan sedoyo kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, katiti suryo kaping .... wulan .... 2021, pepunden kulo bopo ..... ibu ..... ... Ponorogo, rumagang karya sawega harsonetepi darmaning werdha, ngentas putra mahargya siwi, anglarapaken atmojo putri kinasih kang wus sawega ninggal mongso mudha hangracut alam remaja giya manjing tataraning kadewasan, lelumban ing samodraning gesang bebrayan agung, 

Sabtu, 19 Juni 2021

Tuladha MC Manten Versi Bedjo29

Pambuka

Seh tentrem rahayu mugio kajiwo kasariro dumateng kula lan panjenengan sedaya, mligi ingkang hamengku gati bopo ...... gotrah kala wongso, tinarbuka jroning raos sesarengan memuji mreng dzat kang murweng Allah SWT, dzat kang moho welas, moho asih ingkang sampun paring barokah lan sedoyo kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, katiti suryo kaping .... wulan .... 2021, pepunden kulo bopo ..... ibu ..... ... Ponorogo, rumagang karya sawega harsonetepi darmaning werdha, ngentas putra mahargya siwi, anglarapaken atmojo putri kinasih kang wus sawega ninggal mongso mudha hangracut alam remaja giya manjing tataraning kadewasan, lelumban ing samodraning gesangbebrayan agung,