Minggu, 20 Juni 2021

Urutan MC Manten Versi Mbah Bedjo29

 Pambuka

Seh tentrem rahayu mugio kajiwo kasariro dumateng kula lan panjenengan sedaya, mligi ingkang hamengku gati bopo ...... gotrah kala wongso, tinarbuka jroning raos sesarengan memuji mreng dzat kang murweng Allah SWT, dzat kang moho welas, moho asih ingkang sampun paring barokah lan sedoyo kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, katiti suryo kaping .... wulan .... 2021, pepunden kulo bopo ..... ibu ..... ... Ponorogo, rumagang karya sawega harsonetepi darmaning werdha, ngentas putra mahargya siwi, anglarapaken atmojo putri kinasih kang wus sawega ninggal mongso mudha hangracut alam remaja giya manjing tataraning kadewasan, lelumban ing samodraning gesang bebrayan agung, 

sinten to sinambating wangi, nenggih kusumaning ayu dyah ....... sawega tumapak ing dewasa mangke arso kawengku jejoko tumaruna mijil saking ......... ingkang hakekasih bagus ........ Sagung poro werdha, milo karaya raya ing kalenggahan mangke kang hamengku gati bopo, ......... hamondhongi rawuh njengandhika sedaya, tinangisan mugio kaseduhan njurung seh donga pangestu temahan mahanani mring atmaja penganten kang arso manjing satatananing urip madya sembada kang sinedya, lulus kang ginayuh, dadi kang kaesthi. kawuryan ndali den embani koyo balobo wale kenyo. 

sangyaning poro werdha kang kaseduhan njumenengi gelaring upocoro, lon lonan samya manjing wismo pahargyan, gegandhengan asta kalawan kadhange dewe dewe, mangkana kang mangagem busana seta kumpul kang padha pethake, koyo kuntul maneba sarawa, kang mangagem busana kresno kempal kang padha langkinge embane koyo dandhang mungguhing pasetran, kang mangagem busana wilis kempal kang padha ijone tanprabedha tanem tuwuh kang lagiyo gumandung agagelar ing madyaning tegal pasabinan. Jejel riyel tumpang dengkul laben pamedhangan hawit saking kehing para wredha kang hanjumenengi gelaring upocoro, sa-pandurat koyo bangkit andhoyong ndhoyongno pacak sujining pandapi agung bale winangun, mangkana sedaya hamung sawega memuji mreng ngarsaning gusthi mugiyo lampahing upocoro kang wrinakit bopo ...... gotrah, purwa madya, wasana widodo rahayu manggih basuki.

Sagung poro werdha, kepareng munjuk atur, sekaring pawiwahan kusumaning dyah ...... kaderekaken romo .... dalah ibu .... , tan kantun poro kadhang ingkang pinitoyo minangka bayangkarine upocoro, taksih katemben mratitisaken ing sasono bale mayang arum, dene gelaring pakaryan rinakit mratitisaken ingkang pinitoyo nenggih kadhang kula ...... salon, sinengkuyung kadhang kadhang ...... vidio soting, ugi kadhang kadhang ...... audio sound system, dene tan kantun hanjangkepi rerangkening upocoro pinitoyo minangka paraga panglipur ............

*) Pengantin putri lenggah ing sasana rinengga

Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu berbudi mahambeg darma. Ing salebeting panti busana, pinanganten putri sampun purna nggenya hangrasuk busana pengantin. Keparenging karsa nedya hangrumiyini lenggah ing sasana rinengga. Pramila katur Juru pangdi busana, keparenga hamratitisaken adicara punika. Katur juru panata pita suwara kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing ktw. Puspawarna ( = utawi ketawang Sekarteja laras Slendro pathet manyura ), sumangga.

( Cathetan : Menawi kairing gangsa gesang, nyuwunipun gendhing dhateng para kadang pangrait, saged naming kanthi sasmita. Upaminipun makaten : Lumarabing sri atmaja panganten putrid ing sasana rinengga, kairing para warara lamun cinandra yayah kairing sekar kang mawa teja. ( utai kairing sekar kang manca warna = Ktw Puspawarna ).
. . . Gendhing mungel . . . Panganten miyos .
Menawi badhe kacandra, sesampunipun gendhing dhawah gong lajeng kacandra.


Medaling P. Putri
          Binarung swaraning pradangga munyo hangrangin, hambabar  ketawang Sekar teja, ana gandha arum amgambar katiyuping samirana mandha, kawistoro jengkaring sri atmaja penganten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku wredhi papan ingkang wangi wus hangarani, ateges mijil saking panthi busono nedyo humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kinurmatan, rawuh manjing salebeting sasana riningga kinanthen panjenenganipun ……….

         Sri panganten putri hangagem busana ingkang sarwo endah hangembo busananing garwo noto, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartiko hasesilih prenah. Hangagem puspito rinonce ing ukeliro sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirono manda kongso gandane hangebeki wisma pawiwahan. Endah edining busana, hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunto cinondro ical sipating jalmo sawantah pan yayah widodari mangejawantah. 

       Tindak iro sri atmojo temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindho singo lopo, sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driyo ingkang dereng kawijil ing lesan, hangrantu praptaning mudho taruno minongko gegantilaning nala. Dhasar karenggo busono kang sarwo sarwi edipeni, anom dhasare ruruh ladak pasemone, sulistyo rupane indah warnane.

        Lamun kacondro endahing penganten putri pindho sulistyaning rojo putri kang ndaweg manjing ing ndatuloyo, dedeg piadege pidekso nenggih hangringin sungsang, kulit kadyo mas sinangling, rikmo memak ngembang bakung ngandan andan anut ombaking  narmodo, jonggo ngolan olan pangarasan duren sajuring, wojo lir miji timun grono angrunggih, lati manggis karengat, palarapan nan nelo cendhane idhep tumenging tawang, imbo njalirit lir wulan tumanggal, talingan nderesti hanyamur kuping, ati ati ngudup turi, netro blalak blalak bawang sebungkul, idhep tumenging tawang, pamidhangan nraju mas, lengen nggendewo pinentang, pucuking racikan amucuk ri, payudoro nyengkir gading, bangkekan hanawon kemit, pupune ngembang pudak sukune anyuthang walang, jejempolane sikil tinoto pindho sirae ulo cabe, dhasare wong ayu.

     Wus handungkap prapto ugyan ingkang tinuju, putro temanten putri nulyo kalenggahaken wonten ing sasana rinenggo, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun rinantam.

*) Rawuhipun Pengantin Kakung

Sagung para lenggah ingkang winantu ing kaharjan. Kawuryan, nenggih badhe rawuhipun Pinanganten kakung. Awit saking punika, katur Manggalaning Pangombyong penganten kakung, jengkar saking panti palereman, manjing sasana wiwahan. Dhumateng Juru panata pita swara, kasuwun ambiwadha rawuhipun Penganten kakung kanthi larasing gendhing Ladrang Wilujeng, sumangga.
. . . Gendhing mungal, lajeng kacadra. . .

Medaling P. Kakung
        Binarung pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino, kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.

      Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nuhwring sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.

   Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temanten kakung ingkang ngembo busananing narpati, pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong agung tunggul asmoro.

     Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkare.
    
       Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekti yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi narendro ingkang arso tedak siniwoko.
     
       Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho dumateng kang sampun kapiji.

*) Adicara Panggih

Sanggyaning para rawuh kakung saha putri ingkang tansah sinuba ing akrami, sampun wahyaning mangsa kala tumapaking prastawa gati Panggihing Pinanganten sarimbit. Pramila Dhumateng Bopo Pujonggo dalah Ibu Juru Sumbaga, keparenga hamratitisaken adicara punika. Kadang Panata- Pita Swara, kasuwun ambiwadha kanthi larasing gendhing Kodhok ngorek – minggah Ktw. Laras maya Pelog barang.

  Panyandra panggih pengantin:
 Wus dumugi wahyaning mongso kolo jemuk ing pinanganten.
      
Dhampyak – dhampyak poro kadang wandowo ingkang samyo hangayap tindakipun putro temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.
Gantyo kang winursito… Ingkang jengkar saking sasana rinenggo, anenggih puniko warnanipun temanten putri , kinarebeg sagunging poro – poro ingkang samyo humiring, kinanti myang poro-poro kang wis pinanci.

       Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksono, temanten kekalih sami apagut tingal, ...

  Gantalan :
      Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netro risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punopo tho darunane,
          Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu rose satuhu ngemu pralmpito, Suruh, kesusu selak kepingin weruh, suruh lamun tho pradopo bedo lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajugo jejer priyo satunggal mijil wanito, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal roso cipto miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan ing rasa tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane. 
        
Pasangan :

       Kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan, pasemone nyoto lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendrotomo.

     Kawistara ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor kencono, sakolo ponang antigo tinapak ing podo, Pyar,,, pecah sanaliko, pramilo doyo-doyo penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, gya amijiki samparaning ingkang roko kanthi sedyo ngatonaken darmo bekti mring garwo, amberat sawarnaning sukerto, satemah anggeniro lumebet ing alam madyo gesang bebrayan, saged lulus raharjo manggih kamulyan.

       Kawuryan kang sarimbit giyo kinunjukan Toya perwito ingkang mijil saking kendhi  pratolo, kang manunggal mring sekar triwarno, nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, biso dadi tepo palupining brayat mudho.

Singep sindur :

            Paripurnaning gati kang titi laksono panggih, Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinoro sosro, sarwi singep sindur deneng romo ibu, kanthi pangajab bebrayaning putro sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiyo ing budi rahayu linambar raos tresno, rhosa, tepo, sembodo lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kanistan,

      Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasano mulyo , suko ing driyo risang pinangantyan putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.

*) UPACARA Krobongan

        Poro Wredha upocoro panggihing pinanganten sampun kalaksanan kanthi lulus raharjo, Salajengipun badhe katindhakaken Upacara Krobongan, wiwit saking Udan kencana, Sungkeman, Kacar kucur ngantos dhahar walimah. Pramila katur Ibu Juru Pangadi busana keparenga mratitisaken lampahing upocoro.
Dhumateng kadhang pranoto pito swara ... nyuwun ungeling Ketawang Ibu Pertiwi

  Tuladha atur pranatacara mlebet adicara Udan Kencana :
     Jangkeping adicoro panggihing risang putro tinemanten sarimbit giyo hangadani upocoro kacar kucur, Siram siram adas kucur kucur kawak, sak kawak kawake kucure isih kawak mantene, ing pangajab ngantio kaken kaken ninen ninen. Lah sinten to ingkang ngacarani, .... nenggih nini nini ingkang sampun lebdha ing piwulang reh, punato ingkang minangko sarana, tan sanes pisang raja setangkep, ingkang ngemu pralampito, mreh tumangkep raos kang dhahat tumanem ing kalbu risang temanten sarimbit dadi lantaran lestarining tumuwuh, pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso, satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo, mbrudul koyo udan kencana ... lanang ... wadon ... lanang ... wadon ... lanang ... wadon .... 

Atur Pranatacara wonten ing adicara sungkeman :

        kalajengaken adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening penganten putri awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh datan prayogi lamun asikep gegaman. 

“ Hung .... huooong ....

         Penganten kakung wus jengkar hanganthi ingkang garwo lumarap ngabyantoro myang kang poro pinundhi, esthining penggalih amung sumedyo sumungkem dhateng pepadane romo dalah ibu. Sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten sarimbit,

        Mangkana Pangudasmaraning driyo yen to kawijil ing lesan :

" ibu, keng putra yuwung pangestu, ibu .."
“ Duh anaakku ngger temanten sakloron … Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah anglur selur pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko, nganthi tumekaning kaki nini, yo ngger .....
" Inggih ibu, matur gunging panuwun ...

" Rama keng putra nyuwung pangestu ... rama "
" iyo .. iyo ngger anakku sakeloron mugo pasngestune romo ibu, tansah jumurung marang polokaramamu, biso-o atut runtut mimi lan mintuno, ugo tansah manggiho kabagyan lan kamulyan, adoh ing sukerto lan godho rencono, yo ngger ...
" Inggih rama, matur gunging panuwun ....

             Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten sarimbit lajeng jumangkah lon-lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang kasosro sarwo sarwi edi peni.

Guna Tompo koyo :
       Kawuryan penganten kakung wus jumeneng ngasto tilam lampus, isine kasuntak ing pangkoning kang garwo, katadahan mawi sindur, pralambang  tanggel  jawabing priyo. Minongko tetungguling kulawargo, tompa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, arto receh, pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, ing pangajab mugi risang panganten ing tembe kacekapan sandang baga. 

      Asiling tompo koyo laju katitipaken mring keng ibu ....... kang pinitados rumekso kawidagdaning tampo koyo. …...... paripurno nitipaken tompo koyo, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit.

Dhahar  Kembul Bujana :
Tumuli risang pinanganten nindaaken dhahar kembul, menopoto ingkang minangka dudulangane temanten kekalih, tan sanes sekul punar minangka tondo jemuk roso tresna ing pralambang sageto tumangkep manggih sih katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, sak yek sak eko karti sembodo ingkang sinedyo, rengganeng boso ngaten sinebat manunggaling karso marganing mulyo.

Ngunjuk toya wening :
Paripurno dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit Ngunjuk toyo wening, ugi dados pratandha, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen – unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busono, lan ajining awak gumantung soko tumindak.

Paripurno upacara krobongan - Kalajeng upacara pahargyan

Assalamu alikum Wr. Wb.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.
All Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkang saestu kito antu antu lumunturing syafa’at benjang ing dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Nakmas Bagus ... bin ... kalian Nimas Ayu ... binti ...

Para Wredha, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

  1. Adicoro Pambuka
  2. waosan pustoko suci al Qur’an
  3. Do'a
  4. Atur pasrah saking kadhang besan
  5. Istirahat / Kirab temanten
  6. Atur Pambagyaharja
  7. Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah --------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purwo dalah wasono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang badhe  kasalirani dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos, ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

*) HASTUNGKARA/ DO’A
Para tamu kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan. Dene adicara sak lajengipun, nenggih paringipun puja hastungkara saking sagung para tamu, ingkang mangke kasuwun dipun pangarsani dening Bapa Yai ........
Katur Panjenenganipun Bapa Yai ......... sasana saha swasana kasumangaken,

------- Hastungkara purna  -------

Sagung para rawuh ingkang minulyeng budi. Saderengipun kula dherekaken adicara salajengipun, keparenga lajuning adicara kula sigeg langkung rumiyin, saperlu ngaturaken pamothahipun pinanganten sekalian, nenggih mangke ingkang kasebat asmanipun, sarimbit mbaka sekalin, kasuwun kanthi rilo legawaning galih, jengkar sak untawis tumuju ponang temanten kasuwun barokah pangestunipun, kanthi foto sesarengan temanten sarimbit.

*) Atur Pasrah
Sagung para rawuh, hanyarengi poro poro ingkang kapundhut gambaripun, sumonggo kita laju adicoro sak candakipun, nuninggih atur pasrah temanten ......... ,dumateng duto saroyo pangombyong ingkang sampun kajibah ngayahi gati kasumanggaaken.

...... Atur Pasrah Purna ......

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun.


*) Kirab Kanarendran
Para tamu kakung saha putri ingkang dahat minulyeng budi. Sampun sawatawis Pinanganten sarimbit nggenya lenggah ing dhampar pinasri. Keparenging karsa nedya manjing sasana busana, saperlu gantos busana. Pramila daya-daya hangancik adicara Kirabing Pinanganten. Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana keparenga hamratitisaken adicara punika.

(menawi wonten Subomanggala) 
dhumateng Ki Subomanggala keparenga siyaga ing diri sawega ing gati. Praptanipun Subamanggala kairing gendhing ................ 

Jengkaripun Pinanganten sarimbit keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Langen gito sri narendra. 

---- gendhing mungel --- temanten manjing panti busana ---

Panyandra kirab 1 ( Kanarendran ) :

         Dhampyak runtut swaranyo angayut –ayut, lah puniko tho wau swaraning pradonggo, ambabar ketawang langen gito srinalendro, humiring tindakiro sekaring pahargyan nenggih risang pinanganten kekalih, ingkang arso jengkar saking dampar rinengga, saperlu lukar busono kanarendran gantos busana kasatriyan.

     Sinten to ingkang sinaroyo anawung kridho minongko pangarsaning lampah ingkang sinebat subo manggolo yo manggolo subo,, ? Satuhu puniko panjenenganipun ……, sembodo ing driyo tan amengkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karyo, kasembuh wiwit naliko timur mulo anggung ginunggung ginolo-nolo inguling marang pepoyaning kautamen, milo mboten nama mokal kalamun to anggeniro kapiji minongko subo manggolo, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subosito.

     Sak wingkingnya tuhu puniko minongko patahing pangantyan ingkang pinaragan putri alit sakembaran, kembar busana, kembar warno, kembar sariro, kembar dedeg piadeg bebasan jambe sinigar dinulu seje rupane ginigit podho rasane , anggenipun lumaksono sambi gegojegan, parandene datan saru lamun dinulu, kawuryan malah akaryo reseping paningal,  

         Sawurining patah lah punika to mustikaning pawiwahan tan liyo pinanganten sarimbit, sumorat koyo srengenge, sumeblak kadya rembulan. Wit pasemone sang  pinangantyen ngagem busono kang sarwo endah, katingal gagah pidekso myang gandes luwes sang rinojo putri, wenang den ucapno pepindhane wong agung ing ngeksi gandha duk ing uni. Dhasar satriyo pekik ing warno pating calorot pating galebyar sunare pepindhane kartiko kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing wardoyo rinenggo ing sesotya maneko warno.

         Pinanganten putri ngagem busana kembar warnane kaliyan kang kakung, pralampito kembar tresnane, kembar bibit bebet bobote, raket supeket akekanthen asto, tan genggang sarekmo, Cat kicating podo jumangkah gumebyar dening rerengganing canelo kang sarwo sesetyo, asri dinulu kadi wredhu lumaku ing wanci ndalu.

         Ingkang lumaksono aning wuriniro salajur sisih jajar kalih, ono kenyo ingkang maksih remojo putri, sulistyo ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati atut panembahe ing Gusti, angrungkebi jejering wanito jati yo sejatining wanito, Nulad mring laksitaning poro putri pinunjul ing uni, bekti tresno mring sesami, lah puniko to warnaniro putri kang apindho dhomas.

        Sawingkinge putri Dhomas ana mudho tumaruno lumaksono jajar kalih, ingkang dhahat mabukuh pratondho prayetneng kewuh, sayekti puniko ingkang sinaroyo mangulah kridho minongko yudho manggolo kaprah sinebat talang pati, pratiwo manggolo, ugi winastan satriyo kembar.

      Inkang tut wuri handayani ing salampahiro, inggih puniko ingkang romo ibu kekalih, jejer kalenggahanipun dados pethiting kirab, satindak tumuleh nganan, sapecak umenger ngering, lamun tho kawijilo pangunandikaniro, estu atur pujo pambagyo katur sagunging poro tamu sutresno, jojo ebek bombong mongkog karoban luhuring budi dharmane para rawuh ingkang sredho sudi angestreni dhauping putro siwi.

        Kawuwoso lampahing risang pinanganten anjog ing wiwaraning sasana budoyo, nulyo gyo angrucat  busono noropati gumantyo busono satryo aditama manjing jroning sasana busono yo bale mayang arum.

Sanggya adilenggah ingkang tuhu winantu ing kawiryan.
Sinambi hangrantu pinanganten sarimbit purna nggenya gantos busana, ing mangke para kadang mudha juru ladi kepareng sowan hangaturaken pasugatan katur sagung para tamu minulya. Pramila hambok bilih ing mangke wonten ngarsa panjenengan kaaturaken pasugatan, kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan ingkang katur kanthi mardikaning penggalih

Kinarya haminyak sepining suwasana, ing mangke badhe katur larasing gendhing ---------------------(sumangga mardika kapilih ingkang prayogi) Dhumateng kadang panatapita, sumangga.

*) Kirab Kasatriyan

Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan. Ing mangke pinanganten sarimbit sampun purna nggenya gantos busana. Salajengipun kepareng badhe lenggah malih ing dhampar pinasri, kanthi rinumpaka ing adicara Kirab Kasatriyan. Pramila dhumateng Ibu Juru pangadi busana, Subomanggala, kasuwun hamratitisaken adicara menika.

Dhumateng kadang panata pita suwara , keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Subokastawa Laras Pelog Pt. 6. 

[Gendhing mungal, Temanten miyos ngantos lenggah] 

Panyandra kirab 2 ( Kasatriyan )

       Wus tinarbuko wiwaraning sasana busono, kumenyar asung prabowo, kenthar kenthar angambar kongas gandhaniro marbuk arum wewangi, sumirat mirat tejo maya maya, soyo dangu soyo melengoni, soyo cerak soyo angranuhi, sanyoto tejane sang pinanganten mijil saking wismo busono arso mahas ning wismo wiwoho.

        Penganten kakung Wus lukar busono satryo sangsoyo angenguwung prabane, sangsoyo mencorong guwayane, sangsoyo manteb penggalihe, cinondro kadi bagus danang sutowijoyo, akekanthen asto kaliyan roro dewi semangkin, lagyo angenggar enggar driyo ameng ameng aneng udyono mriksani panjrahing sari puspito, ingkang nedheng mangudar mewangi, pramilo lamun kadulu pasuryane sumunar pindho sang purnomo sidi.

      Tindakipun penganten sarimbit sami atut runtut reruntungan, sih kinasihan gegandengan asto, mratandhani bilih kekalihipun sampun sami mangun sedyo, badhe tansah sesarengan pindho mimi lan mintuno ngantos kaken kaken lan ninen ninen saking dunyo dumugyo delahan. Sang pinanganten tuhu loro-loroning atunggal tunggal tungguling aloro, kang sawiji priyo kang sawiji putri, geleng gilig geleng rumasuk jumbuh  angurut ing cipto, rasa, karso, daya miwah karyane, munggeng jajar kalenggahane sowang sowang rumongso handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sariro hangroso wani.

        Tan rinaos tindaknya ndungkap ing sasana rinenggo, pramilo penganten kekalih mapan lenggah ing dhampar rinengo, marak ing ngarsanipun poro tamu, saperlu nyeyadhong berkah pangesthu.

*)  ATUR PAMBAGYAHARJA
Sanggya para rawuh kakung saha putri temanten sarimbit sampun lenggah malih ing sasana rinengga, Saderengipun kula dherekaken adicara salajengipun, keparenga lajuning adicara kula sigeg malih, saperlu ngaturaken pamothahipun pinanganten sekalian, nenggih mangke ingkang kasebat asmanipun, sarimbit mbaka sekalin, kasuwun kanthi rilo legawaning galih, jengkar sak untawis tumuju ponang temanten kasuwun barokah pangestunipun, kanthi foto sesarengan temanten sarimbit.

Sagung para werdha, hanyarengi poro poro ingkang kapundut gambaripun, sumonggo kulo derekaken tumuju adicara salajengipun, nenggih atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa. Ingkang badhe kasarira panjenenganipun .............

---- Atur pambagya paripurna ----

Makaten wijiling atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa, ingkang sampun kawedhar lumantar .......


*) PANUTUP
Sanggyaning para rawuh kakung saha putri, reroncene adicoro pawiwahan wiwit purwo, madyo wasana, sampun lumampah rancak kalis ing rubeda, ing mangke monggo kulo derekaken hamungkasi wiwahan prasaja ing siang kalenggahan punika. hanamung saderenge kapungkasi kula ingkang piniji handherekaken lampahing adicara, saestu kathah tuna dungkap kepara mlenceng saking leres, sedaya kekirangan saha kalepatan nyuwun gunging pangaksama.

Ing wasana sumangga kula dherekaken hamungkasi pahargyan ing siyang punika kanthi waosan Hamdalah "Alhamdulillahirobi alamin" hamemuji manjalmaning sesanti- Jaya-jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih.

Pinangka panutuping atur, kula dalah ...... Salon, ...... Vidio Suting, ..... Sound System hangaturaken agunging panuwun, sugeng kondur mugi widada ing marga.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar